Welcome Guys

Pages

Send Quick Massage

Name

Email *

Message *

Tuesday, January 23, 2018

CERITA BABAD DERMAYU DENGAN BAHASA INDRAMAYU UPDATE TERBARU

by endar  |  in IPS at  January 23, 2018

BABAD DERMAYU

Raden wiralodra iku anake Bupati Bagelen, Raden Singalodra. lagi nonomane Raden Wiralodra seneng luruh elmu lan seneng tapa brata. saben lelungan di tiburi pawongane, arane Ki Tinggil. waktu lagi tapa,  Raden Wiralodra olih wangsit, ana suara tanpa rupa: "Putuku Raden Wiralodr, lamon sira kepengen olih kamulyan pitung turunan, sira kudu babad tanah alas ning lalahan wetan kali cimanuk. gage gage sira mangkata." sawise oleih wangsit, Raden Wiralodra kebat ninggaleken pertapaan.
Diiringi pawongane, Raden Wiralodra ngadep ning ibu ramane ning pendhopo. kabeberan sadulur-sadulure lagi pada ngumpul kabeh ning pendhopo. Raden Wiralodra matur yen deweke iku nembe be olih wangsit. Brabal wangsite diceritakaken ning arepan ibu ramane lan sadulur-sadulure.
Raden Wiralodra njaluk idin arep nyumponi wangsit mau. ibu ramane mbonten maringi idin dan sadulur sadulure ngaboti, tapi Raden Wiralodra maksa arep mangkat. Raden Wiralodra mangkat di iringi pawongane, Ki Tinggil. lakune deder ngajeg ngulon.
sawijine dina Raden Wiralodra ketemu karo kali gedhe.
"Ki tinggil, apa kieen sing diarani kali cimanuk ?"
"Boten uning, Den." Ki Tinggil mangsuli.
lagi Raden Wiralodra kebingungan, ujug ujug ana laki laki lagi dhodok ning pinggir kebonan. terus di takoni.
" Ki apa kien sing diarani kali Cimanuk?"
"Iku dudu kali Cimanuk. Iku kali Citarum. Kali Cimanuk uwis kaliwat adoh." sawise semaur laki laki mau ngilang tanpa krana.
Raden Wiralodra balik maning meng eta. Tekang bulaklak, Raden Wiralodra ketemu karo kaki kaki lagi gaga semanagka. kaki  kaki mau di takoni kenang Raden Wiralodra. kaki kaki boro boro semaur, malah ngumbangi entok bersih ning Raden Wiralodra karo Ki Tinggil. Raden Wiralodra ilang sabare, kaki kaki di candhak, bareng arep di bantingaken, murca, ilang tanpa karana. Ilange laki laki ana suara tanpa rup: "kien kih kali cipunegara. mengko baka sira ketemu karo kidang kencana, iki tandhane sira wis teka ning kali Cimanuk.
Raden Wiralodra nerusaken lelakone.  ning tengahe alas dheweke ketemu karo wong wadon ayu. Arane ngaku Larawana. Larawana njaluk di kawin. Raden Wiralodra nolak. Akhire tinbul perang tandhing . Larawana kecandhak kenang Raden Wiralodra. Barang arep di bantingaken, Larawana ngilang dadai kidang kencana. Playune kidang kencana di ubek. kidang kkencana nabrang kali gedhe. Tekang sabrang wetan kali, kidang kencana ilang. Terus ana suara tanpa rupa: " He, nang Wralodr, kali kang disabrangi mau, iku kali Cmanuk."
Ning kono Raden Wiralodra lan Ki Tinggil Babad alas, sajerone babad alas, sering di ganggu makhluk halus. sawise pragad. lalaham mau di gawe padhkuhan. DSarehning padhukuhan uwis dadi, Raden Wiralodra arep sowan ning ibu ramane ning Bgelen. Sing di kongkon ngupakara padhukuhan yaiku Ki Tinggi.
Sepeninggal Raden Wiralodra ana wong wadon ayu teka. Dheweke arep melu manggon ning kono. Wong wadon ayu arane Endhang Darma. Ki tinggil nolak sebeb di welingi aja ggerek nrima padhukuhan anyar. Mulane Nyi Endhang darma di pernahaken ning kulon kali cimanuk.
Ujhare wong kandha, padhukuhan Cimanuk ketekan pangeran guru sing tanah sabrang. Pngeran guru di iringaken pandhakawane sing akehe pad likur. Maksude arep ngalamr Nyi Endhang Darma nolak lamarane. Wusanane pangerang guru sabala kencana perlaya kabeh.
Ki Tinggil weruh kadadian ma. Mulane dheweke enggal nglaporaken ning raden wiralodra ning Bgelen.  Raden Wiralodra enggal pamit ning ramane. Balike Raden Wiralodra di tiburi adhine Raden Tanujaya lan Raden Tanujiwa serta pamane Raden Wiragora.
Raden Wiralodra  nemoni Nyi Endhang darma keiring dukaning manah. tapi barang ndeleng pasuryane Nyi Endang darma, ilang napsune, malah Raden Wiralodra kesengsem. Nyi Endhang darma di kandhani supaya gelem dadi garwane. Tapi Nyi Endhang Darma beli gelem.
Akhire Raden Wiralodra ngerti yen Nyi Endhang Darma ngemben pancen lir pindha telik sandhi. Sanalika Raden Wiralodra  mrentah Raden Tanujaya lan Raden Tanujiwa supaya ngrimped Nyi Endhang Darma.
Raden Tanujaya lan Raden Tanujiwa bli kuat ngadhepi Nyi Endhang Darma. Rikat Raden Wiralodra  mbantu. Raden Wiralodra  uga bli kuat lan murea ning alam samar. Raden Wiralodra   cangsut tali wanda nyayoni  jurite Endhang Darma. akhire Nyi Endhang Darma ngedhapruk ning arsane Raden Wiralodra   karo ngucap, "Aduh Gusti, Kula ampun pasrah pati nyuwun gesang." Nyi Endhang darma gage di angkat lan di ampuni kenang Raden Wiralodra.
Nyi Endhang Darma inget ning tugase. Mulane Nyi Endhang Darma pura pura njaluk idin pengen adus ning kali Cimanuk. Sebab awake ngrasa kotaor entas tandhing jurit. Sawie diidini, Nyi Endhang Darma gage njujug kali cimanuk. Dheweke anjrem slulup bari mudik ning asale.
Raden Wiralodra krasa uwis suwe ngenteni wong adus. dheweke ngulap ngilapi ning pinggir kali cimanuk. Nyi Endhang Darma ora ana tandha tandhane. Raden Wiralodra getun beli kejagan. Ning kono dheweke mawas diri. Dingin pinasti anyar pinanggih, bokat uwis kudune Raden Wiralodra beli kelakon karo Nyi Endhang Darma.
Tempat Encak manggone Nyi Endhanf Darma dadi padhukuhan. padhukuhan mau di arani padhukuhan Darma Ayu, sateruse ketelah dadi Dermayu.

2 comments:

Proudly Powered by Blogger.