Welcome Guys

Pages

Send Quick Massage

Name

Email *

Message *

Friday, January 26, 2018

CONTOH PARIKAN LENGKAP

by endar  |  in INDONESIA at  January 26, 2018

Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja.

Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.

Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.

Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.

Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
1.      Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut  sinau.
2.      Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.

Parikan kang kadadéan saka (9 wanda +9 Wanda) X 2
1.      Gunung – gunung digawe sawah, priben bae banyonana durung durung wis gawe lelewa, priben bae lakonana
2.      Ula welang sinerat kuning, ula gebug lan tali wangsa
Parikan padinan
Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.



Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
a.       Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh      jejer, tamba kangen.
b.      Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.

Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.

Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe, dianguk –  anguk. senenge, yen wis kepethuk.

Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.  Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa.
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Parikan kang kadadéan saka (9 wanda +9 Wanda) X 2
1.      Gunung – gunung digawe sawah, priben bae banyonana durung durung wis gawe lelewa, priben bae lakonana
2.      Ula welang sinerat kuning, ula gebug lan tali wangsa
Parikan padinan
Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.


2 comments:

Proudly Powered by Blogger.